Hot News
Sobat Smancep yang berbahagia , para sutrisna, para sanak kadang kan tansah kinasih
Gak krasa rong dina maneh awake dewe bakal kangen-kangenan temen. Mangkakna ayo pada persiapan tata-tata, sing adoh seka Semarang, sing ana adoh brang etan-brang kulon-brang kidul, nek isa pada ngampiri brayate sing cedhak apa maneh isa rombongan,jan piknget kuwi.Para Korwil ayo di kentongi bala-bala (ketoke ya wis) aja sampek ana sing kecer pa kelalen. Isa blaen. Mengko sampeyan sing nek teka Semarang dina Setu esuk pa awan langsung njujug neng mess Bhayangkari Tanah Putih.Gampang golekane. Sambi Leyeh2 sik.lumah2 barang, padha ngaso sik dilanjut regrestasi. Lha kanggo para kenya / gadis-gadis eh mantan ding nek pengin ketok cemlorot-kinclong-kempling -kinyis2 aja kuwatir. Panitia siap ngeterna neng salon apa spa tapi yarwe lo….apa pengin shoping ….pokoke siap grak leh. Sing pengin di papak konfirmasi sik. Ning aja lali sangu duwik sing akeh…he he. Rencanane jam 18.30 WIB bar maghrib ….awake dewe budal bareng-bareng sak kloter menyang panggonan Reuni :Hotel Serrata sing kurang luwih 4 km jarake seka mess. . Heboh lo …nganggo dikawal polisi barang kaya pejabat kae sing mobile nguing-nguing mblebeki kopok, trus ijek di liput TV SMANCEP….pora jadug, weleh-weleh….

